Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Wong Bodho Ngandel marang Tembungé Saben Wong”

”Wong Bodho Ngandel marang Tembungé Saben Wong”

”Wong sing ora tau maca koran kuwi, wong bodho. Ning, luwih bodho manèh wong sing percaya kabèh sing diwaca, mung merga kuwi ana ing koran.”—August von Schlözer, ahli sejarah lan penulis Jerman (1735-1809).

LUWIH saka 200 taun kepungkur, wong-wong ora mung waton percaya kabèh sing ditulis ing koran. Semono uga saiki, awaké dhéwé ora mung waton percaya kabèh sing ana ing Internèt. Pancèn, saiki ana akèh katrangan ing Internèt sing gampang digolèki. Katrangan kuwi ana sing bener lan ana gunané. Ning, ana sing ora bener, ora ana gunané, lan mbebayani. Dadi, kudu ati-ati milih sing arep diwaca. Ana wong-wong sing rumangsa nèk kabèh katrangan ing Internèt mesthi bener, merga katrangan kuwi isa dibukak ing Internèt, utawa dikirimi kancané. Wong-wong kuwi percaya, senajan katrangané ora bener. Alkitab ngélingké, ”Wong bodho ngandel marang tembungé saben wong.”WB. 14:15, Basa Jawi Padintenan.

Wong sing ora waton percaya karo sing dirungokké kuwi, wong sing wicaksana. Wong sing wicaksana kuwi ati-ati lan mung percaya karo kabèh sing bener. Uga, ora gampang diapusi lan ora waton percaya kabèh katrangan ing Internèt, senajan katrangan kuwi dipercaya wong akèh. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora gampang diapusi? Coba dipikir, ’Apa katrangan kuwi asalé saka situs wèb sing isa dipercaya? Utawa asalé saka situs wèb sing isa diisi karo saben wong, malah ora dingertèni sumberé? Apa situs wèb sing isa dipercaya wis tau mènèhi katrangan sing ora bener?’ * (Deloken katrangan ing ngisor.) Banjur, katrangan kuwi kudu dipriksa tenanan. (WB. 7:7) Nèk ana katrangan sing kétoké ora isa dipercaya, katrangan kuwi pancèn ora bener. Lan uga, nèk panjenengan maca kabar sing ora apik bab wong liya, tulung dipikirké apa gunané nèk kuwi disebarké, lan apa tujuané wong sing nyebarké.

APA PANJENENGAN SENENG NYEBARKÉ E-MAIL?

Ana wong sing seneng nyebarké berita karo kabèh sing dikenal, tanpa mriksa dhisik berita kuwi bener apa ora. Lan uga, ora mikirké akibaté nèk kuwi disebarké. Mbokmenawa merga wong kuwi péngin digatèkké, lan dadi wong sing ngerti dhisik dhéwé. (2 Sa. 13:28-33) Ning, wong sing wicaksana mikirké dhisik akibaté. Contoné, apa kuwi bakal ngrusak jenengé wong liya utawa jenengé pakumpulan?

Wong sing nyebarké berita mbokmenawa ora mriksa dhisik kuwi bener apa ora, merga ora ana wektu lan wegah ngupaya. Dhèwèké mikir nèk wong sing nampa berita kuwi bakal mriksa dhéwé. Ning, jebulé wong sing nampa uga ora nduwé wektu. (Éf. 5:15, 16) Dadi, timbang ngirim berita sing awaké dhéwé ora yakin nèk kuwi bener apa ora, awaké dhéwé kudu mikir, ”Nèk aku waé ora yakin, mendhing tak guwang waé berita kuwi.”

Coba dipikir, ’Apa aku seneng nyebarké e-mail? Apa aku wis tau njaluk ngapura karo kanca-kancaku, merga wis ngirim katrangan sing ora bener utawa ngapusi? Apa ana wong sing wis tau kandha nèk wegah tak sebari e-mail? Nèk kanca panjenengan nduwé e-mail, mesthiné ya isa mbukak Internèt dhéwé, lan ora perlu bantuan panjenengan kanggo nggolèki katrangan sing dibutuhké. Dhèwèké ora péngin nampa akèh e-mail sing isiné crita, vidhéo, utawa gambar lucu. Lan uga, nyebarké rekaman utawa cathetan ceramah Alkitab kuwi tumindak sing ora bener. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Nèk wong isa mriksa dhéwé ayat Alkitab utawa nyiapké jawaban kanggo pakumpulan ibadah, kuwi luwih ana gunané kanggo dhèwèké timbang panjenengan kirimi.

Apa aku perlu nyebarké e-mail iki karo wong liya?

Piyé nèk panjenengan maca katrangan sing ora bener bab pakumpulané Yéhuwah ing Internèt? Aja pisan-pisan diwaca lan dipercaya. Ora bener nèk kuwi disebarké karo wong liya, lan dinggo bahan rembugan, merga kuwi malah nggawé katrangan mau tambah mbebayani. Nèk dadi bingung merga maca katrangan sing ora bener ing Internèt, panjenengan isa njaluk tulung marang Yéhuwah bèn éntuk kawicaksanan, lan isa ngomong karo sedulur sing hubungané akrab karo Yéhuwah. (Yb. 1:5, 6; Yd. 22, 23) Aja kagèt nèk ana berita sing ora bener bab Seksi-Seksi Yéhuwah. Mbiyèn wong-wong uga ngomong sing ora bener bab Yésus. Yésus ngendika karo muridé, nèk mungsuh-mungsuhé bakal nganiaya lan ’mitenah’ para muridé. (Mt. 5:11; 11:19; Yo. 10:19-21) Dadi, nèk ati-ati lan dipikir tenanan, panjenengan isa nitèni endi wong sing ngapusi lan endi crita sing ora bener.WB. 2:10-16.

AJÈNANA WONG LIYA

Awaké dhéwé kudu ati-ati nèk nyebarké berita bab sedulur seiman, utawa mbagi pengalaman sing wis tau dicritakké wong liya. Kadhang kala, nyebarké katrangan sing bener isa dadi tumindak sing ora bener. (Mt. 7:12) Apa maksudé? Contoné, nyebarké katrangan sing ngèlèk-èlèk wong liya, senajan kuwi bener. (2 Ts. 3:11; 1 Tm. 5:13) Lan, mbokmenawa ana berita sing rahasia. Mbokmenawa berita kuwi bakal diumumké mengko, utawa nganggo cara liya. Dadi, awaké dhéwé kudu ngajèni wewenangé wong sing bakal ngumumké, uga wektu lan carané berita kuwi diomongké. Nèk awaké dhéwé nyebarké berita kuwi sakdurungé wektu sing ditemtokké, kuwi bakal nggawé masalah.

Saiki, berita isa disebar cepet banget, mbuh kuwi bener apa ora, ana gunané apa ora, utawa mbebayani apa ora. Nèk panjenengan ngirim berita marang wong liya, berita kuwi isa disebarké sak donya mung nganggo étungan detik. Dadi, aja nganti kepincut cepet-cepet nyebarké berita marang wong liya. Senajan tresna kuwi ”ngandel ing samubarang” lan ora curiga karo wong liya, ning aja dadi wong bodho sing waton percaya kabèh crita. (1 Kr. 13:7) Lan, aja nganti percaya crita sing ora bener bab pakumpulané Yéhuwah lan para sedulur seiman. Aja lali nèk sing senengé nyebarké berita sing ora bener kuwi Iblis, ”bapakné sakabèhing goroh”. (Yo. 8:44) Dadi awaké dhéwé kudu mikirké tenanan piyé carané nggunakké katrangan sing akèh saka Internèt. Alkitab kandha, ”Wong kang tanpa pangalaman pituwasé kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.”WB. 14:18.

^ par. 4 Katrangan sing mbiyèn salah, isa waé tetep metu ing Internèt, senajan wis dianggep klèru lan wis diowahi.

^ par. 8 Deloken Pelayanan Kerajaan Kita, April 2010, ”Kotak Pertanyaan”.