Apa Panjenengan Ngerti?
Kapan sinagogé mulai ana?
KATA ”sinagogé” asalé saka basa Yunani sing artiné ”pakumpulan” utawa ”ngumpul”. Jeneng kuwi cocog merga kèt jaman mbiyèn wong-wong Yahudi ngumpul ing sinagogé kanggo sinau lan ngibadah. Kitab-Kitab Ibrani ora nyebutké soal sinagogé. Ning, awaké dhéwé isa ngerti saka Kitab-Kitab Yunani nèk sinagogé wis ana ing abad pertama M.
Akèh ahli sing percaya nèk sinagogé wis ana wektu wong-wong Yahudi ditawan ing Babilon. Encyclopaedia Judaica njelaské, ”Wong-wong sing ditawan kuwi manggon ing negara asing, adoh saka Bait, lan butuh dikuwatké. Dadi, wong-wong kuwi ngumpul lan maca Kitab Suci, misalé pas dina Sabat.” Sakwisé dibébaské saka Babilon, mesthiné wong-wong Yahudi isih kerep ngumpul kanggo ndonga lan maca Kitab Suci. Dadi, wong-wong kuwi mbangun sinagogé-sinagogé.
Ing abad pertama M, sinagogé dadi pusat kegiatan sosial lan agama kanggo wong-wong Yahudi sing manggon ing sekitar Laut Tengah, Timur Tengah, lan Israèl. Profésor Lee Levine saka The Hebrew University of Jerusalem kandha, ”[Sinagogé] digunakké kanggo sinau, acara mangan pas ana perayaan, pengadilan, nyimpen dhuwit sumbangan, lan pertemuan politik lan sosial.” Profésor kuwi ya kandha, ”Tujuan utama sinagogé kuwi dibangun yaiku kanggo ngibadah.” Mula, Yésus ya kerep lunga menyang sinagogé. (Mrk. 1:21; 6:2; Luk. 4:16) Ing kono, Yésus mulang, mènèhi naséhat, lan nggedhèkké atiné wong-wong sing teka. Sakwisé ana jemaat Kristen, Rasul Paulus ya kerep nginjil ing sinagogé. Wong-wong sing péngin nyedhak marang Gusti Allah biasané lunga mrono. Dadi, wektu teka ing salah siji kutha, Paulus biasané langsung lunga menyang sinagogé kanggo nginjil ing kono.—Kis. 17:1, 2; 18:4.