SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB
Perjuangan Bèn Ora Rusak
MASALAHÉ: Alkitab ditulis lan diturun ing papirus lan kulit kéwan. * (2 Timotéus 4:13) Apa buktiné nèk Alkitab ora awèt merga ditulis ing papirus lan kulit kéwan?
Papirus gampang suwèk, luntur, lan rusak. Peneliti sejarah Mesir sing jenengé Richard Parkinson lan Stephen Quirke kandha, ”Papirus suwé-suwé isa remuk. Nèk disimpen, gulungan papirus isa remuk, bosok, lan dipangan tikus. Uga, isa dipangan rayap nèk dipendhem.” Sakwisé ditemokké, ana papirus sing tambah rusak merga kena srengéngé lan didèlèh ing panggonan sing lembap.
Kulit kéwan luwih awèt timbang papirus. Ning, kuwi isa rusak nèk ora diopèni utawa didèlèh ing panggonan sing panas utawa adhem banget, lembap, utawa kena srengéngé. * Kulit kéwan uga dipangan rayap. Mula, akèh tulisan kuna sing saiki wis ora ana. Nèk Alkitabé rusak, isiné ora isa diwaca manèh.
PERJUANGANÉ ALKITAB: Ing hukum Yahudi ana aturan nèk saben raja kudu ’nggawé layang turunané angger-angger’ yaiku limang buku sing sepisanan saka Alkitab. (Pangandharing Torèt 17:18) Ing abad kapisan Masèhi, para ahli nurun akèh tulisan kuna. Kitab-kitab kuwi ana ing saben sinagoga ing Israèl lan nganti tekan Makédonia. (Lukas 4:16, 17; Lelakoné Para Rasul 17:11) Apa sebabé tulisan-tulisan kuwi isa ana tekan saiki?
Sarjana Perjanjian Anyar sing jenengé Philip W. Comfort kandha, ”Wong-wong Yahudi seneng nyimpen gulungan Alkitab ing njero kendhi utawa guci bèn awèt.” Wong-wong Kristen uga nindakké kebiasaan kuwi. Mula, tulisan-tulisan kuna Alkitab ana sing ditemokké ing njero guci, ruangan cilik, lan guwa ing dhaérah sing hawané panas.
HASILÉ: Bagéan-bagéan Alkitab sing cacahé éwon, sing umuré luwih saka 2.000 taun, isih ana nganti saiki. Ora ana buku liya sing nduwé akèh salinan sing umuré sakmono.