Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa agama kuwi gawéan manungsa?

ANA SING PERCAYA nèk agama kuwi gawéan manungsa. Liyané mikir nèk Gusti Allah nggunakké agama kanggo mbantu manungsa bèn isa cedhak karo Gusti Allah. Piyé nurut panjenengan?

KANDHANÉ ALKITAB

Ana ”pangibadah kang murni sarta tanpa cacad . . . ing ngarsaning Allah, Rama kita”. (Yakobus 1:27) Agama sing sejati, utawa bener, kuwi asalé saka Gusti Allah.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Bèn nyenengké Gusti Allah, dhasaré agama kudu saka Alkitab.​—Yokanan 4:23, 24.

  • Agama sing dhasaré ajaran manungsa ora ana gunané.​—Markus 7:7, 8.

Apa awaké dhéwé perlu mèlu salah sijiné agama?

APA JAWABAN PANJENENGAN?

  • Perlu

  • Ora

  • Ora ngerti

KANDHANÉ ALKITAB

”Mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé utama. Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita.” (Ibrani 10:24, 25) Gusti Allah péngin umaté ngibadah bareng dadi siji.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Wong-wong sing ngibadah bareng marang Gusti Allah kudu nduwé kapracayan sing padha.​—1 Korinta 1:10, 11.

  • Para anggota agama sing nyenengké Gusti Allah dadi paseduluran sakdonya.​—1 Pétrus 2:17.