Carané Nresnani Wong Liya
Awaké dhéwé kabèh kuwi sedulur merga dadi keturunané Adam, manungsa sing pertama. Mula, awaké dhéwé ngupaya kanggo nresnani lan ngajèni kabèh wong kaya sing dipéngini Gusti Allah. Ning, saiki jarang ana wong sing nduduhké kuwi.
KANDHANÉ KITAB SUCI SOAL KATRESNAN
”Sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.”—KAIMAMAN 19:18.
”Terus tresnaa marang mungsuh-mungsuhmu.”—MATIUS 5:44.
MAKSUDÉ NDUDUHKÉ KATRESNAN MARANG WONG LIYA
Gatèkna kandhané Gusti Allah soal katresnan sing dijelaské ing 1 Korintus 13:4-7:
”Katresnan kuwi sabar lan apikan.”
Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing sabar lan ora nesu wektu njenengan nggawé kesalahan?
Katresnan kuwi ”ora seneng iri”.
Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing senengané curiga lan iri karo njenengan?
Katresnan kuwi ”ora mung mikirké kepentingané dhéwé”.
Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing ngajèni keputusané njenengan lan ora mikirké kepentingané dhéwé?
Katresnan kuwi ”ora ngéling-éling salahé wong liya”.
Pikirna: Gusti Allah gelem ngapurani wong dosa sing mertobat. Gusti Allah ”ora tansah ndedukani, anggoné duka ora ing salawasé”. (Jabur 103:9) Awaké dhéwé mesthi seneng wektu wong liya ngapurani awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé ya kudu gelem ngapurani wong liya.—Jabur 86:5.
Katresnan kuwi ”ora bungah merga apa sing ora bener”.
Pikirna: Awaké dhéwé mesthi ora péngin ana wong sing seneng wektu awaké dhéwé susah. Dadi awaké dhéwé ya aja kaya ngono, senajan mungkin wong kuwi tau nglarani awaké dhéwé.
Bèn isa ngrasakké berkah saka Gusti Allah, awaké dhéwé kudu nresnani wong liya ora masalah saka endi asalé. Awaké dhéwé isa nduduhké katresnan nèk mbantu wong liya sing mbutuhké bantuan.