3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab
ING ALKITAB DISEBUTKÉ: Ana wong lanang lan wong wédok sing ”nduwé perasaan kaya awaké dhéwé”.—YAKOBUS 5:17.
Maksudé Ayat Kuwi
Ing Alkitab ana akèh banget kisahé wong lanang lan wong wédok sing tau ngrasa seneng, sedhih, kecéwa, wedi, utawa lara ati. Isa waé perasaané wong-wong kuwi ana sing padha karo awaké dhéwé.
Piyé Ngetrapkéné?
Kabèh mesthi péngin dipahami, apamanèh nèk lagi berjuang ngadhepi masalah keséhatan méntal. Nèk maca kisahé tokoh-tokoh ing Alkitab, isa dadi ngerti nèk ana wong liya sing pikiran lan perasaané padha kaya sing lagi awaké dhéwé alami. Hasilé, merga ngerti wong liya ya berjuang ngadhepi kesusahané, awaké dhéwé dadi ora ngrasa dhèwèkan wektu wedi, susah, utawa kuwatir.
Ing Alkitab ana akèh banget ungkapan perasaané wong-wong sing putus asa. Apa njenengan tau ngrasa, ’Aku wis ora kuwat manèh’? Musa, Èlia, lan Daud tau ngrasa kaya ngono.—Wilangan 11:14; 1 Para Raja 19:4; Mazmur 55:4.
Ing Alkitab ana kisahé wong wédok sing jenengé Hana, bojoné Èlkana. Hana ngrasa ”sedhih banget” merga ora isa nduwé anak lan atiné dilarani terus karo bojoné Èlkana sing keloro.—1 Samuèl 1:6, 10.
Mungkin awaké dhéwé ya tau ngrasakké sing dialami Ayub. Ing Alkitab disebutké, meskipun imané kuwat, Ayub tau ngrasa sedhih banget lan susah nganti ngomong, ”Aku sengit karo uripku, aku ora gelem urip terus.”—Ayub 7:16.
Meskipun wong-wong kuwi awalé nduwé pikiran èlèk, bahkan ana sing péngin mati waé, tapi meréka berhasil ngatasi perasaan-perasaan kuwi. Kuwi isa nguwatké awaké dhéwé bèn ora nyerah pas ngrasa susah banget.