PENGALAMAN
Ngutamakké Yéhuwah Wektu Nggawé Keputusan
PAS taun 1984, aku isih kerja ing bank lan manggon ing perumahan sing méwah ing Caracas, Venezuela. Pas mangkat kerja, aku mikirké soal artikel Warta Penting sing anyar. Artikel kuwi mbahas piyé pandhangané wong liya karo awaké dhéwé. Dadi, aku mikirké piyé pandhangané wong liya soal aku. Apa wong-wong nganggep nèk aku iki wong sing suksès? Utawa, apa wong-wong nganggep aku iki Seksi Yéhuwah sing kerja ing bank kanggo nyukupi kebutuhan keluargané? Aku sadhar nèk wong-wong bakal nganggep aku wong sing suksès. Ning, aku luwih seneng nèk dikenal dadi Seksi Yéhuwah. Mula, aku nggawé keputusan sing isa nyenengké Yéhuwah.
Aku lair 19 Mei 1940 ing Amioûn, Lebanon. Beberapa taun bar kuwi, keluargaku pindhah ing Tripoli. Keluargaku kuwi keluarga sing bahagia. Wong tuwaku sayang karo anak-anaké lan sayang karo Yéhuwah. Wong tuwaku nduwé anak lima. Aku sing ragil, mbakyuku telu, lan masku siji. Kanggoné wong tuwaku, sing paling utama kuwi sinau Alkitab, ngibadah, lan nginjil, dudu nggolèk dhuwit.
Ing jemaatku, ana sedulur-sedulur sing nduwé harapan munggah swarga. Salah sijiné Michel Aboud. Dhèwèké kuwi sing mandhu acara perhimpunan sing mbiyèn disebut Pelajaran Buku Sidang. Dhèwèké dadi Seksi Yéhuwah ing New York. Terus taun 1921, dhèwèké nginjil ing Lebanon. Dhèwèké kuwi sing pertama kali nginjil ing kono. Sedulur Michel apikan banget lan kerep mbantu Anne karo Gwen Beavor, lulusan Giléad sing ditugaské ing jemaatku. Wektu kuwi, Anné karo Gwen isih enom. Wong telu kuwi akrab banget karo keluargaku. Sakwisé suwé ora ketemu karo Anne, aku seneng banget pas ketemu dhèwèké ing Amerika Serikat. Aku ya ketemu manèh
karo Gwen sing wis nikah karo Wilfred Gooch. Wektu kuwi, Gwen karo Wilfred nglayani ing kantor cabang Inggris sing ana ing London.NGINJIL ING LEBANON
Pas aku isih cilik, Seksi Yéhuwah ing Lebanon kuwi mung sithik. Tapi, aku lan sedulur-sedulur semangat banget martakké injil. Pas kuwi, ana pemimpin agama sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Aku kèlingan beberapa peristiwa sing kelakon wektu kuwi.
Wektu kuwi, aku lagi nginjil ing apartemèn karo mbakyuku sing jenengé Sana. Pas lagi omong-omongan karo wong sing manggon ing kono, ujug-ujug ana pastor sing teka. Kétoké ana sing ngandhani pastor kuwi bèn teka mrono. Mbakyuku disenèni, terus dijorogké nganti tiba lan luka. Bar kuwi ana sing nélpon polisi. Pas polisiné teka, polisiné ngongkon wong bèn nulungi Mbak Sana. Terus, pastor kuwi digawa ing kantor polisi. Jebulé pastor kuwi nggawa senjata. Terus polisiné takon, ”Kowé ki sakjané pastor apa préman?”
Bapakku ya tau ngalami masalah wektu nginjil. Wektu kuwi, sedulur-sedulur ing jemaat nyéwa bis bèn isa nginjil ing dhaérah sing durung tau dikabari. Merga ngerti nèk Seksi Yéhuwah lagi nginjil ing dhaérahé, ana pastor sing teka karo ngejak wong akèh. Wong-wong kuwi ngamuk lan mbalangi watu. Sirahé bapakku kena watu lan metu getihé. Terus, bapak karo ibuku bali ing bis, lan sedulur-sedulur padha ngetutké. Pas ibuku lagi ngobati lukaké bapakku, ibuku kandha, ”Yéhuwah, tulung apurana wong-wong iki merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” Aku ora bakal lali karo peristiwa kuwi.
Pas umurku enem taun, aku karo keluargaku lunga ing omahé mbahku. Ing kono, ana uskup sing mara ing omahé mbahku. Terus, dhèwèké takon karo aku, ”Ngapa kok kowé ora dibaptis?” Uskup kuwi ngerti nèk wong tuwaku Seksi Yéhuwah. Terus aku njawab, ”Aku kan isih cilik. Bèn isa dibaptis, aku ya kudu nduwé akèh pengetahuan soal Alkitab lan kudu nduwé iman sing kuwat.” Merga ora seneng karo jawabanku, dhèwèké ngomong karo mbahku nèk aku ora sopan.
Ning, pengalaman kaya ngono kuwi ora akèh. Wong Lebanon kuwi asliné apikan lan ramah. Wong-wongé ya gelem dijak omong-omongan soal Alkitab. Malah, ana akèh sing gelem sinau Alkitab.
PINDHAH ING VENEZUELA
Pas aku isih sekolah, ana sedulur enom sing teka ing Lebanon lan berhimpun ing jemaatku. Aku nduwé mbak jenengé Wafa. Sedulur kuwi mulai cedhak lan akhiré pacaran karo Mbak Wafa. Terus, sedulur kuwi nikah karo mbakyuku lan wong loro kuwi pindhah ing Venezuela. Merga kangen, mbakyuku nulis surat kanggo
bapakku sing isiné ngongkon keluargaku pindhah ing Venezuela. Akhiré, keluargaku pindhah mrana.Taun 1953, keluargaku pindhah ing Venezuela lan manggon ing Caracas. Omahku kuwi cedhak istanané présidèn Venezuela. Merga isih cilik, aku seneng banget pas ndelok présidèn léwat karo numpak mobil méwahé. Ning kanggoné wong tuwaku, pindhah ing Venezuela kuwi ora gampang merga kudu nyesuaikké karo panggonan sing anyar, kebudayaané, basané, panganané, lan cuacané. Terus, ora suwé sakwisé pindhah, keluargaku malah ngalami masalah sing abot.
BAPAKKU MATI
Selama iki, bapakku ora tau lara. Kami bingung banget merga sakwisé pindhah, bapakku ujug-ujug lara. Bar dipriksaké, jebulé bapakku lara kanker pankréas. Ning, seminggu sakwisé dioperasi, bapakku malah mati.
Umurku isih 13 taun pas bapakku mati. Keluargaku sedhih banget lan ora nyangka nèk Bapak akhiré mati. Sakwisé Bapak mati, Ibu ya isih kerep sedhih nèk pas kèlingan karo Bapak. Tapi merga bantuané Yéhuwah, keluargaku isa tabah wektu ngadhepi masalah iki. Pas umur 16 taun, aku lulus sekolah. Merga wis lulus, aku péngin kerja bèn isa mbantu keluargaku.
Mbak Sana akhiré nikah karo Rubén Araujo, lulusan Giléad sing bali ing Venezuela. Sakwisé nikah, Mbak Sana karo Mas Rubén pindhah ing New York. Keluargaku péngin bèn aku neruské kuliahku ing New York. Pas ing New York, aku manggon ing omahé Mas Rubén. Mas Rubén karo Mbak Sana mbantu aku bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Wektu kuwi, aku nggabung ing jemaat Brooklyn basa Spanyol. Ing jemaat, ya akèh sedulur-sedulur sing mbantu aku, misalé Sedulur Milton Henschel karo Frederick Franz sing wektu kuwi nglayani ing Bètel Brooklyn.
Kira-kira setaun sakwisé kuliah, aku mulai mikirké uripku kuwi arep tak enggo apa. Aku maca lan mikirké tenanan artikel ing Warta Penting sing nyritakké soal sedulur-sedulur sing semangat nglayani Yéhuwah. Aku ndelok ing jemaatku ana perintis lan anggota Bètel sing kétok bahagia nglayani Yéhuwah. Aku ya péngin kaya sedulur-sedulur kuwi. Ning, aku ngerti nèk kudu dibaptis sik bèn isa merintis utawa kerja ing Bètel. Mula, aku nggawé janji ngabdi lan tanggal 30 Maret 1957 aku dibaptis.
MULAI MERINTIS
Sakwisé dibaptis, aku péngin banget dadi perintis. Tapi aku kan isih kuliah. Nèk aku isih kuliah, apa isa aku merintis. Mula, aku nulis surat karo keluargaku bèn isa ngandhani nèk aku arep mandheg kuliah, bali ing Venezuela, lan merintis ing kono.
Sasi Juni 1957, aku bali ing Caracas. Pas aku wis manggon ing omah, aku ndelok nèk jebulé kudu ana sing mbantu nyukupi kebutuhané keluargaku.
Terus, aku ditawani kerja ing bank. Ning sakjané, aku mulih kan tujuané péngin merintis. Dadi, akhiré nganti pirang-pirang taun, aku kerja ing bank karo merintis. Pancèn, aku sibuk banget wektu kuwi. Ning, aku tetep bahagia.Aku ya seneng banget merga isa kenalan karo Sylvia, sedulur wédok sing asalé saka Jerman. Sylvia pindhah ing Venezuela karo wong tuwané. Dhèwèké ora mung ayu, ning ya sayang karo Yéhuwah. Akhiré, aku nikah karo Sylvia lan nduwé anak loro. Sing lanang jenengé Michel (Mike) lan sing wédok jenengé Samira. Terus merga wis tuwa, ibuku tak ajak manggon bareng ing omahku. Dadi, aku kudu mandheg merintis bèn isa nyukupi kebutuhan keluargaku. Ning, aku tetep semangat nginjil. Aku karo Sylvia merintis èkstra pas liburan.
MULAI MERINTIS MANÈH
Pengalaman sing tak critakké ing awal critaku kelakon pas anak-anaku isih sekolah. Uripku sakjané wis nyaman, lan aku ya nduwé jabatan ing bank. Dadi, wong-wong nganggep aku iki wong sing suksès. Ning sakjané, aku luwih péngin dikenal dadi Seksi Yéhuwah. Aku kepikiran terus soal kuwi. Dadi, aku rembugan karo bojoku piyé nèk aku metu saka gawéanku. Aku karo bojoku ya ora nduwé utang. Terus, nèk aku metu saka gawéanku, aku ya éntuk pesangon. Dadi nèk ngirit, dhuwit pesangon iki isa tak enggo nyukupi kebutuhané keluargaku nganti pirang-pirang taun.
Nggawé keputusan metu saka gawéan kuwi ora gampang. Tapi, bojoku karo ibuku ndhukung keputusanku. Akhiré, aku isa merintis manèh. Wah, rasané bahagia banget. Kétoké sih lancar-lancar waé, ora ana masalah. Tapi bar kuwi, ana peristiwa sing ora tak sangka-sangka.
ORA DISANGKA-SANGKA NDUWÉ ANAK MANÈH
Aku karo Sylvia kagèt banget wektu dokterku ngomong nèk Sylvia meteng manèh. Aku sih sakjané seneng merga bakal nduwé anak manèh. Ning, aku ya bingung. Nèk nduwé anak manèh, lha mengko rencanaku merintis piyé.
Sakwisé rembugan manèh karo bojoku, aku mutuské tetep merintis. Anakku, Gabriel, lair sasi April 1985. Senajan nduwé anak manèh,
tapi aku tetep metu saka gawéanku. Terus, aku mulai merintis manèh sasi Juni 1985. Sakwisé merintis, aku dadi tambah seneng merga isa nglayani dadi salah siji anggota Panitia Cabang. Ning, kantor cabangé kuwi jaraké kira-kira 80 kilomèter saka Caracas. Dadi selama seminggu, aku kudu ping loro utawa ping telu lunga mrana.PINDHAH ING LA VICTORIA
Merga kantor cabang ana ing La Victoria, dadi aku sak keluarga pindhah mrono bèn cedhak. Aku seneng merga anak bojoku gelem ndhukung keputusanku. Terus ibuku piyé? Mbakyuku sing jenengé Baha gelem ngopèni ibuku. Dadi, aku ora terlalu kuwatir. Anakku Mike ya wis nikah. Tapi, Samira karo Gabriel isih manggon sak omah karo aku. Nèk pindhah ing La Victoria, kuwi berarti Samira karo Gabriel ora isa ketemu manèh karo kanca-kancané ing Caracas. Terus, Sylvia ya kudu nggawé penyesuaian merga saiki kudu manggon ing kutha sing cilik. Omahku sing saiki ya luwih cilik timbang sing mbiyèn. Ya, pindhah ing La Victoria kuwi jebulé akèh pengorbanané.
Ning, keadaan berubah manèh. Gabriel akhiré nikah, lan Samira ya isa mandiri. Terus taun 2007, aku karo Sylvia dikongkon pindhah ing Bètel. Dadi, kèt taun 2007 nganti saiki, aku karo Sylvia nglayani ing Bètel. Anakku mbarep, Mike, nglayani dadi pinituwa lan merintis bareng karo bojoné, Monica. Gabriel ya dadi pinituwa. Dhèwèké manggon ing Italia bareng karo bojoné, Ambra. Samira ya merintis lan nglayani dadi sukarelawan jarak jauh ing Bètel.
PUAS ISA NGLAYANI YÉHUWAH
Ana akèh keputusan sing wis tak gawé. Tapi, aku ora menyesal karo keputusan-keputusanku kuwi. Aku bersyukur isa nglayani Yéhuwah. Aku ya ngerti nèk sing paling penting kuwi aku kudu tetep cedhak karo Yéhuwah. Ora masalah keputusan apa sing digawé, Yéhuwah bakal mènèhi rasa ayem sing ”ora isa dipahami manungsa”. (Flp. 4:6, 7) Aku karo Sylvia seneng banget isa nglayani ing Bètel. Aku yakin Yéhuwah bakal mberkahi nèk aku terus ngutamakké Yéhuwah wektu nggawé keputusan.