Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wartakna Sih-Rahmaté Gusti Allah

Wartakna Sih-Rahmaté Gusti Allah

”Ngabaraké Injil bab sih-rahmaté Gusti Allah.”​—PR. 20:24, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU: 10, 25

1, 2. Apa buktiné nèk Paulus ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah?

RASUL Paulus ngakoni, ”Sih-rahmaté Gusti Allah . . . kang kaparingaké marang aku iku ora muspra [tanpa guna, New World Translation].” (Wacanen 1 Korinta 15:9, 10.) Paulus rumangsa ora pantes éntuk welas asihé Gusti Allah, merga dhèwèké wis tau nganiaya wong Kristen.

2 Sakdurungé mati, Paulus nulis marang Timotéus, ”Aku saos sokur marang . . . Gusti Kristus Yésus, Gusti kita, amarga Panjenengané karsa nganggep aku tumemen, sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki.” (1 Tm. 1:12-14) Paulus éntuk tugas apa? Paulus ngandhani para pinituwa ing jemaat Éfesus, ”Aku ora preduli bab uripku, angger aku bisa nerusaké pegawéanku, lan ngrampungaké kuwajiban sing diparingaké déning Gusti Yésus marang aku, yakuwi ngabaraké Injil bab sih-rahmaté Gusti Allah.”​PR. 20:24, BJP.

3. Paulus éntuk tugas apa? (Deloken gambar ing kaca 22.)

3 Paulus ngabarké ”Injil” apa? Apa maksudé nèk Injil kuwi bukti sih-rahmaté Yéhuwah? Paulus kandha karo wong Kristen ing Éfesus, ”Kowé rak wus padha krungu mungguh ayahaning sih-rahmaté Gusti Allah, kang kapitayakaké marang aku marga saka kowé kabèh.” (Éf. 3:1, 2) Yésus ngekèki tugas Paulus kanggo nginjil marang wong sing dudu Yahudi. Tujuané bèn wong–wong saka akèh bangsa isa mèlu dadi raja bareng Sang Mèsih. (Wacanen Éfesus 3:5-8.) Paulus semangat nginjil, lan kuwi tuladha sing apik kanggo wong Kristen saiki. Dhèwèké nduduhké nèk sih-rahmaté Gusti Allah ”ora muspra”, utawa ora tanpa guna.

APA SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH NGGAWÉ PANJENENGAN SEMANGAT NGINJIL?

4, 5. Apa sebabé ”Injil” uga disebut ”sih-rahmaté Gusti Allah”?

4 Ing dina-dina pungkasan, umaté Yéhuwah éntuk tugas martakké ”Injiling Kraton . . . ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa”. (Mt. 24:14) Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah uga disebut ”Injil bab sih-rahmaté Gusti Allah”. Kok isa? Kabèh berkah sing ditampa saka Kratoné Gusti Allah kuwi merga sih-rahmaté Yéhuwah. (Éf. 1:3) Paulus semangat nginjil merga ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah. Apa awaké dhéwé niru tuladhané?​—Wacanen Rum 1:14-16.

5 Ing wulangan minggu wingi, awaké dhéwé sinau nèk Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté nganggo cara werna-werna marang manungsa sing wis dosa. Merga wis nampa berkah kuwi, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab mulang wong liya bab katresnané Yéhuwah lan gunané kanggo wong kuwi. Piyé carané mbantu wong liya ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah?

MARTAKKÉ KABAR APIK BAB TEBUSAN

6, 7. Wektu nerangké bab tebusan, kuwi bukti nèk awaké dhéwé martakké sih-rahmaté Gusti Allah. Apa maksudé?

6 Jaman saiki, akèh sing ora gelem ngakoni nèk dosa. Mula, wong kuwi ora rumangsa butuh tebusan. Ning, nyatané saya akèh sing ngakoni nèk uripé ora ayem. Sakwisé ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah, wong-wong kuwi lagi ngerti maksud lan pengaruhé dosa. Uga, ngerti kudu ngapa bèn bébas saka dosa. Wektu ngerti maksudé dosa, wong-wong sing tulus mulai ngajèni Yéhuwah, merga Yéhuwah wis ngutus putrané menyang bumi kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati. Kuwi ditindakké Yéhuwah merga tresna lan sih-rahmaté sing gedhé.​—1 Yo. 4:9, 10.

7 Gatèkna kandhané Paulus bab Yésus, ”Sabab iya ana ing Panjenengané marga saka rahé, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmaté.” (Éf. 1:7) Tebusan Yésus kuwi bukti tresnané Yéhuwah sing paling gedhé lan sih-rahmaté sing gedhé kanggo manungsa. Nèk nduwé iman marang tebusan Yésus, awaké dhéwé bakal diapura lan atiné awaké dhéwé krasa pénak. Kuwi nentremké banget, ta? (Ib. 9:14) Kuwi kabar apik sing kudu diwartakké.

MBANTU WONG-WONG DADI KANCANÉ GUSTI ALLAH

8. Apa sebabé manungsa sing dosa perlu dirukunké karo Gusti Allah?

8 Nèk ora nduwé iman marang tebusan Yésus, wong-wong kuwi dianggep mungsuhé Gusti Allah. Mula, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab ngandhani wong-wong bèn dadi kancané Gusti Allah. Rasul Paulus kandha, ”Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggoné kataman ing bebenduning Allah.” (Yo. 3: 36) Awaké dhéwé seneng isa dadi kancané Gusti Allah merga anané tebusan Yésus. Paulus nerangké bab iki, ”Kowé kabèh kang mauné urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengané, kacihna saka panggawému kang ala, saiki wus dirukunaké ana ing sarirané kadagingan Gusti Kristus sarana sédané.”​—Kl. 1:21, 22.

Awaké dhéwé nduwé tanggung jawab ngandhani wong-wong bèn dadi kancané Gusti Allah

9, 10. (a) Yésus ngekèki tugas apa marang wong-wong sing dipilih munggah swarga? (b) Piyé carané ”wedhus liyané” mbantu wong-wong kuwi?

9 Yésus ngekèki tugas ”ayahan karukunan” marang wong-wong sing dipilih munggah swarga. Paulus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kabèh iku pinangkané saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunaké kita kalawan Panjenengané lan kang wus masrahaké ayahan karukunan iku marang aku kabèh. Awit Gusti Allah lumantar Sang Kristus ngrukunaké jagad karo Panjenengané Piyambak, ora ngétang paneraké, lan masrahaké pawarta karukunan iku marang kita. Mulané aku iki iya padha dadi utusané Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowé kabèh lumantar aku; atas Asmané Sang Kristus panjalukku marang kowé: padha gelema karukunaké karo Gusti Allah.”​—2 Kr. 5:18-20.

10 Kaurmatan gedhé kanggo ”wedhus liyané” merga mbantu wong-wong sing dipilih munggah swarga nindakké tugasé. (Yo. 10:16) ”Wedhus liyané” dadi ”utusané” Yésus kanggo nginjil, mulang Alkitab, lan mbantu wong-wong nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Kuwi dadi bab sing penting wektu martakké sih-rahmaté Gusti Allah.

MULANG NÈK GUSTI ALLAH NGRUNGOKKÉ DONGA

11, 12. Ana gunané mbantu bèn wong-wong ngerti nèk isa ndonga marang Yéhuwah. Apa sebabé?

11 Akèh wong ndonga merga kuwi nggawé ayem, ning ora yakin tenan nèk Gusti Allah pancèn ngrungokké donga. Wong-wong kuwi kudu ngerti nèk Yéhuwah ”midhangetaken pandonga”. Dawud kandha, ”Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka.”​—Ms. 65:3, 4.

Nèk mulang wong ndonga marang Yéhuwah, kuwi tegesé mbantu wong kuwi dadi kanca akrabé Yéhuwah

12 Yésus kandha marang para muridé, ”Manawa kowé padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani.” (Yo. 14:14) Kuwi maksudé awaké dhéwé isa njaluk ”apa-apa” sing cocog karo kersané Yéhuwah. Yokanan nulis, ”Anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané, mesthi disembadani”. (1 Yo. 5:14) Ana gunané mbantu wong-wong ngerti nèk ndonga kuwi ora mung marahi ayem, ning sakjané kuwi cara kanggo nyedhaki ’dhamparing sih-rahmaté’ Gusti Allah. (Ib. 4:16) Nèk mulang wong-wong bèn ndonga marang Yéhuwah nganggo cara sing bener lan ndongakké bab sing bener, kuwi tegesé mbantu wong-wong kuwi dadi kanca akrabé Yéhuwah lan isa gedhé atiné wektu susah.​—Ms. 4:2; 145:18.

SIH-RAHMAT ING PIRDUS

13, 14. (a) Kaurmatan gedhé apa sing bakal diduwèni wong-wong sing dipilih munggah swarga mbésuk? (b) Apa sing bakal ditindakké wong-wong mau marang manungsa?

13 Yéhuwah bakal nduduhké sih-rahmaté nganti ing ”jaman kang bakal kalakon”. Kok isa? GustiAllah bakal ngekèki kaurmatan marang 144.000 sing bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. Paulus nerangké bab kaurmatan kuwi wektu kandha, ”Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhéning katresnan kang kalubèraké marang kita, wus nguripaké kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita — marga saka sih-rahmat kowé padha kapitulungan rahayu — lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangèkaké lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengané ana ing swarga, supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengané ngatingalaké marang kita anggoné sugih sih-rahmat kang lubèr-lubèr cundhuk karo kasaénané marang kita ana ing Sang Kristus Yésus.”—Éf. 2:4-7

14 Angèl mbayangké kabèh berkah sing disiapké Yéhuwah kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga wektu dadi raja. (Lk. 22:28-30; Fp. 3:20, 21; 1 Yo. 3:2) Yéhuwah bakal ”ngatingalaké . . . sugih sih-rahmat kang lubèr-lubèr” marang wong-wong kuwi nganggo cara kusus. Wong-wong kuwi bakal dadi ”Yérusalèm kang anyar”, bojoné Yésus. (Wy. 3:12; 17:14; 21:2, 9, 10) Wong-wong kuwi bakal nyambut gawé bareng Yésus kanggo ”mulyakaké para bangsa”, lan mbantu manungsa bébas saka dosa lan pati. Uga, mbantu manungsa bèn sampurna.​—Wacanen Wahyu 22:1, 2, 17.

15, 16. Piyé carané Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté marang ”wedhus liyané” mbésuk?

15 Éfesus 2:7 kandha nèk Gusti Allah bakal nduduhké sih-rahmaté ”ing jaman kang bakal kalakon”. Wektu kuwi, wong-wong sing urip ing bumi bakal ngrasakké ”sih-rahmat kang lubèr-lubèr”. (Lk. 18:29, 30) Salah siji cara Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté sing gedhé banget yaiku nguripké manèh wong-wong sing ana ”ing kubur”. (Yo. 5:28, 29) Sapa sing diuripké manèh? Wong-wong setya sing mati sakdurungé sédané Yésus lan ”wedhus liyané” sing setya marang Yéhuwah, sing mati ing dina-dina pungkasan. Wong-wong kuwi bakal diuripké manèh bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah.

16 Yutan wong sing durung kenal Yéhuwah uga bakal diuripké manèh. Yokanan kandha, ”Aku tumuli weruh wong mati, gedhé cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyané manèh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawéné adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau. Anadéné sagara masrahaké wong-wong mati kang ana ing jeroné, lan iku diadili miturut sapanggawéné dhéwé-dhéwé.” (Wy. 20:12, 13) Wong-wong kuwi diuripké manèh bèn éntuk kesempatan sinau bab Yéhuwah lan manut karo préntahé. Wong-wong kuwi uga kudu sinau lan ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab lan préntah anyar sing ana ing ”kitab-kitab”. Préntah anyar kuwi bakal dadi cara liya Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté.

TERUSA MARTAKKÉ KABAR APIK

17. Apa sing perlu dipikirké wektu nginjil?

17 Martakké kabar apik ing jaman saiki luwih penting timbang mbiyèn, merga Armagédhon wis cedhak. (Mk. 13:10) Awaké dhéwé kudu mikirké tujuané nginjil, yaiku ngluhurké Yéhuwah. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu ngandhani wong-wong nèk kabèh berkah sing bakal ditampa ing Pirdus kuwi merga sih-rahmaté Yéhuwah.

Dadi pengurusé ”sih-rahmating Allah kang becik” sing semangat nginjil.​—1 Pt. 4:10 (Deloken paragraf 17-19)

18, 19. Piyé carané ngluhurké sih-rahmaté Yéhuwah?

18 Wektu nginjil, awaké dhéwé isa nerangké nèk manungsa bakal éntuk kabèh paédahé tebusan Yésus lan saya suwé dadi sampurna ing pamréntahané Yésus. Alkitab kandha, ”Kang tumitah iku dhéwé uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyané para putrané Gusti Allah.” (Rm. 8:21) Kuwi bakal kelakon merga sih-rahmaté Yéhuwah.

19 Awaké dhéwé éntuk kaurmatan ngandhani wong-wong bab janji sing ditulis ing Wahyu 21:4, 5, ”[Gusti Allah] bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.” Yéhuwah banjur kandha, ”Wruhanira, samubarang kabèh Sundadèkaké anyar!” Yéhuwah uga kandha, ”Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.” Nèk semangat nginjil marang wong liya, kuwi tegesé awaké dhéwé ngluhurké sih-rahmaté Yéhuwah.