PENGALAMAN
Aku Bahagia Merga Gelem Diarahké Yéhuwah
WEKTU isih enom, aku nduwé gawéan sing nyenengké. Tapi, aku kèlingan kata-kata ing Mazmur 32:8. Ing ayat kuwi, Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal mènèhi kowé pemahaman, lan Aku bakal ngajari kowé bèn isa nindakké sing bener.” Aku wis ngrasakké nèk ayat kuwi pancèn bener. Aku nampa akèh berkah merga gelem diarahké Yéhuwah. Aku ya seneng merga nduwé luwih akèh kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah, termasuk isa nglayani 52 taun ing Afrika.
SAKA INGGRIS ING AFRIKA
Aku lair taun 1935 ing Darlaston, salah siji dhaérah ing Inggris sing akèh pabriké. Terus pas umurku 4 taun, wong tuwaku mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Aku ya mulai yakin nèk sing tak pelajari iki mémang bener. Mulané, aku dibaptis taun 1952 pas umurku 16 taun.
Wektu kuwi, aku ya mulai nyambut gawé ing pabrik sing nggawé peralatan lan onderdil kanggo kendaraan bermotor. Terus, bosku mènèhi pelatihan kanggo tugas-tugas ing kantor. Aku seneng banget isa nyambut gawé ing kono.
Pas kuwi, aku mèlu ngibadah ing loro jemaat. Nèk pas pertemuan ibadah tengah pekan, aku mèlu ing Jemaat Bromsgrove sing cedhak karo panggonanku nyambut gawé. Kuwi jaraké 32 kilomèter saka omahé wong tuwaku. Pas akhir pekan, aku mulih ing omahé wong tuwaku. Dadi, aku mèlu ngibadah ing jemaat ing Willenhall. Terus, ana pinituwa wilayah sing mènèhi aku tugas mandhu Pelajaran Buku Sidang ing jemaat ing Willenhall. Dadi, aku kudu nggawé keputusan arep nampa tugas kuwi apa ora.
Akhiré, aku gelem nampa tugas saka pinituwa wilayah kuwi. Meskipun kudu metu saka gawéan sing tak senengi, aku ora tau gela nggawé keputusan kuwi. Merga gelem diarahké Yéhuwah, aku dadi nduwé kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah luwih akèh. Hasilé, aku isa bener-bener bahagia.
Wektu ngibadah ing Jemaat Bromsgrove, aku ketemu karo Anne, sedulur wédok sing ayu lan semangat nglayani Yéhuwah. Akhiré, aku nikah karo Anne taun 1957. Aku karo Anne seneng banget merga nduwé kesempatan isa luwih akèh nglayani Yéhuwah, misalé dadi perintis biasa, perintis istiméwa, lan kerja ing Bètel. Terus, aku ya tau éntuk tugas dadi pinituwa wilayah. Anne kuwi bener-bener bojo sing luar biasa.
Terus taun 1966, aku karo Anne diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-42. Bar kuwi, aku karo Anne ditugaské ing Malawi. Malawi kuwi
salah siji negara ing Afrika sing wong-wongé ramah. Tapi jebulé aku ora suwé ing Malawi.NGLAYANI ING MALAWI
Tanggal 1 Februari 1967, aku karo Anne tekan ing Malawi. Terus selama sesasi, aku karo Anne kudu sinau basa ing kono. Aku éntuk tugas dadi pengawas distrik. Selama ing Malawi, aku karo Anne numpak mobil jip. Tak pikir, mobil jip kuwi isa liwat dalan apa waé termasuk kali, ning ternyata mobilé ora isa. Terus, kadhang aku karo Anne kudu manggon ing gubug sing dipasangi terpal bèn ora bocor pas musim udan. Mémang keadaané angèl, tapi aku karo Anne menikmati tugas iki.
Sasi April taun 1967, pas aku lagi ngrungokké radio, ana Dr. Hastings Banda présidèné Malawi sing lagi pidato. Dr. Banda nudhuh nèk Seksi Yéhuwah ora mbayar pajeg lan seneng nggawé masalah. Aku karo sedulur-sedulur ngerti nèk sakjané iki merga Seksi Yéhuwah ora gelem mèlu-mèlu urusan politik. Misalé pas kuwi, sedulur-sedulur ora gelem dikon tuku kartu keanggotaan partai.
Terus pas sasi September, ana berita ing koran sing nyebutké nèk Seksi Yéhuwah kuwi nggawé masalah ing endi-endi. Terus pas ana pertemuan partai, pejabat pemerintahan sepakat arep nglarang Seksi Yéhuwah. Akhiré, tanggal 20 Oktober 1967, Seksi Yéhuwah resmi dilarang. Ora let suwé, ana polisi lan petugas imigrasi sing teka ing kantor cabang. Wong-wong kuwi kandha nèk kantor cabang kudu ditutup lan ngongkon utusan injil lunga saka Malawi.
Sakwisé ditahan ing penjara nganti telung dina, aku karo Anne dikongkon lunga ing
Mauritius. Tapi, pemerintah ing kono ora ngijinké utusan injil manggon ing kono. Dadi, aku karo Anne ditugaské ing Rhodesia (saiki disebut Zimbabwe). Wektu kuwi, aku karo Anne ketemu karo petugas imigrasi sing kasar. Dhèwèké ngomong, ”Kowé kan wis diusir saka Malawi. Kowé ya ora éntuk manggon ing Mauritius. Terus ngapa kowé saiki mréné?” Anne sedhih banget nganti nangis. Pas kuwi, aku mikir nèk luwih apik bali ing Inggris waé. Akhiré, aku karo Anne éntuk nginep ing kantor cabang, tapi sésuké kudu lapor manèh ing kantor polisi. Pas kuwi, rasané kesel banget. Ning, aku karo Anne yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu. Terus sésuké, aku karo Anne éntuk kabar nèk isa manggon ing Zimbabwe dadi turis. Aku yakin nèk iki mesthi Yéhuwah sing ngarahké.NGLAYANI ING KANTOR CABANG ING ZIMBABWE
Ing kantor cabang Zimbabwe, aku ditugaské ing Departemèn Dinas. Tugasku kuwi nggatèkké kebutuhané sedulur-sedulur ing Malawi lan Mozambik. Wektu kuwi, sedulur-sedulur ing Malawi dianiaya karo pamréntah. Aku éntuk tugas kanggo nerjemahké laporan saka pinituwa wilayah ing Malawi. Pas kuwi, aku nggarap laporan nganti bengi. Sedhih rasané pas ngerti sing dialami sedulur-sedulur ing kono. * Tapi, aku ya dikuwatké merga sedulur-sedulur kuwi tetep sabar lan setya.—2 Kor. 6:4, 5.
Merga ana penganiayaan, akèh sedulur saka Malawi lunga ing Mozambik. Tapi ya ana sing isih tetep ing Malawi. Aku karo sedulur-sedulur ing kantor cabang Zimbabwe péngin sak isa-isané mbantu nyedhiakké bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab kanggo sedulur-sedulur kuwi. Dadi tim penerjemah basa Chichewa, basa sing paling akèh digunakké ing Malawi, kudu dipindhahké ing Zimbabwe. Sedulur-sedulur kuwi akhiré pindhah ing ladhangé salah siji sedulur ing Zimbabwe. Sedulur kuwi mbangun omah lan kantor bèn sedulur-sedulur sing nerjemahké bacaan mau isa luwih nyaman. Hasilé, bacaan-bacaan ing basa Chichewa isa tetep disedhiakké.
Sedulur-sedulur ing kantor cabang Zimbabwe ngatur bèn para pinituwa wilayah teka ing kebaktian distrik basa Chichewa ing Zimbabwe. Pas bali, sedulur-sedulur kuwi nyritakké isi kebaktiané karo sedulur-sedulur ing Malawi. Kantor cabang Zimbabwe ya ngatur bèn sedulur-sedulur kuwi mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Sedulur-sedulur kuwi mesthi dikuwatké banget merga mèlu sekolah kuwi.
Sasi Februari 1975, aku lunga ing Mozambik kanggo ngunjungi sedulur-sedulur saka Malawi sing ngungsi mrono. Aku seneng banget merga sedulur-sedulur kuwi tetep ngikuti arahan sing paling anyar. Salah sijiné arahan nèk ing jemaat ora mung diatur karo siji pinituwa, ning kudu ana badan pinituwa. Terus, ya ana sedulur-sedulur sing lagi dilantik dadi pinituwa. Sedulur-sedulur kuwi ngatur bèn ana ceramah umum, mbahas ayat harian, lan rembugan Warta Penting. Malah, sedulur-sedulur kuwi ngatur bèn ana kebaktian. Kebaktiané ya digawé kaya biasané, termasuk ana departemèn sing ngurusi kebersihan, panganan, lan keamanan. Sedulur-sedulur isa berhasil merga dibantu karo Yéhuwah. Aku bener-bener dikuwatké merga ndelok upayané sedulur-sedulur kuwi.
Kira-kira taun 1979, sing ngurusi kebutuhané sedulur-sedulur ing Malawi kuwi kantor cabang Zambia. Tapi, aku karo sedulur-sedulur liyané isih kerep ndongakké sedulur-sedulur ing Malawi. Pas kuwi, aku wis nglayani dadi anggota Panitia Cabang Zimbabwe. Dadi, kadhang aku mèlu pertemuan karo sedulur-sedulur saka kantor pusat. Sedulur-sedulur saka Malawi, Afrika Selatan, lan Zambia kadhang ya mèlu pertemuan kuwi. Pas pertemuan kuwi, aku karo sedulur-sedulur selalu mbahas piyé carané isa mbantu sedulur-sedulur ing Malawi.
Suwé-suwé, keadaané dadi luwih apik. Sedulur-sedulur sing mbiyèn ngungsi saiki isa
bali manèh ing Malawi. Sedulur-sedulur sing isih ngungsi ing negara sekitaré Malawi ya wis ora dianiaya manèh. Pamréntah ing negara-negara kuwi wis ngijinké kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah. Terus taun 1991, sedulur-sedulur ing Mozambik wis isa bébas ngibadah. Tapi, kapan sedulur-sedulur ing Malawi isa bébas ngibadah?BALIK ING MALAWI
Beberapa taun bar kuwi, keadaané ing Malawi dadi luwih apik. Taun 1993, Seksi Yéhuwah isa bébas ngibadah manèh. Ora let suwé, ana utusan injil sing takon karo aku, ”Njenengan gelem ora balik ing Malawi?” Pas kuwi umurku wis 59. Dadi aku njawab, ”Ora lah, aku wis terlalu tuwa.” Bar kuwi, aku dikandhani nèk Pengurus Pusat péngin aku balik ing Malawi.
Sakjané, aku seneng banget isa nglayani ing Zimbabwe. Dadi, abot rasané nèk mèh pindhah saka kéné. Terus, aku ya wis nyaman manggon ing kéné lan nduwé akèh kanca. Wektu kuwi, Pengurus Pusat ya ngomong nèk aku ora gelem pindhah ya ora apa-apa. Dadi sakjané, aku isa milih tetep ana ing Zimbabwe. Tapi, aku éling karo contoné Abraham karo Sara. Pas wis tuwa, wong loro kuwi lunga saka omahé lan gelem diarahké karo Yéhuwah.—PD. 12:1-5.
Akhiré, tanggal 1 Februari 1995 aku karo Anne pindhah ing Malawi. Kuwi persis 28 taun kepungkur wektu pertama kaliné aku teka ing Malawi. Terus, Panitia Cabang dibentuk ing Malawi. Anggotané kuwi aku karo loro sedulur lanang liyané. Aku karo loro sedulur kuwi sibuk banget ngatur kegiatané Seksi Yéhuwah ing kono.
YÉHUWAH MBERKAHI SEDULUR-SEDULUR ING MALAWI
Yéhuwah bener-bener mberkahi sedulur-sedulur ing Malawi. Pas taun 1993, jumlahé penginjil kira-kira mung 30.000. Tapi pas taun 1998, jumlahé penginjil dadi luwih saka 42.000. * Terus, Pengurus Pusat setuju bèn dibangun kantor cabang sing anyar ing Malawi. Panggonan sing dadi kantor cabang kuwi ambané 12 héktar lan ana ing dhaérah Lilongwe. Aku éntuk tugas kanggo ngawasi pembangunan kantor cabang kuwi.
Pas Mei 2001, salah siji anggota Pengurus Pusat yaiku Sedulur Guy Pierce ngresmèkké kantor cabang sing anyar. Ana luwih saka 2.000 sedulur sing teka. Akèh-akèhé wis dibaptis luwih
saka 40 taun. Pas Seksi Yéhuwah isih dilarang, sedulur-sedulur kuwi wis ngadhepi akèh masalah. Mémang, sedulur-sedulur kuwi uripé pas-pasan. Tapi, iman lan semangaté sedulur-sedulur kuwi gedhé banget. Aku ndelok sedulur-sedulur kuwi seneng banget isa tur ing Bètel sing anyar. Saking senengé, sedulur-sedulur kuwi terus nyanyèkké lagu-lagu kerajaan nganggo irama musik Afrika. Merga ndelok contoné sedulur-sedulur kuwi, aku dadi saya yakin nèk Yéhuwah mberkahi wong-wong sing tetep setya meskipun ngadhepi masalah sing abot.Sakwisé kantor cabang rampung dibangun lan diresmèkké, aku éntuk tugas kanggo ngresmèkké Balai Ibadah. Mbiyèn, sedulur-sedulur ing Malawi ngibadah ing bangunan sing atapé saka jerami. Terus, lungguhé ing bangku sing dawa. Tapi, Pengurus Pusat péngin mbantu sedulur-sedulur sing uripé pas-pasan kuwi bèn nduwé Balai Ibadah. Mula, akhiré sedulur-sedulur ing Malawi nduwé kesempatan mbangun Balai Ibadah dhéwé. Sedulur-sedulur kuwi seneng banget merga isa nggawé bata kanggo mbangun Balai Ibadah. Tapi ing Balai Ibadah sing anyar, sedulur-sedulur kuwi tetep seneng nggunakké bangku sing dawa, soalé bangku kuwi isa dienggo wong akèh.
Aku seneng banget pas ndelok Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur bèn isa nampa tugas-tugas ing jemaat. Misalé, ana cah-cah enom sing réla mbantu lan akhiré dadi trampil merga gelem dilatih. Sing liyané manèh, ana sing nglayani ing Bètel lan mbantu sedulur-sedulur ing jemaat. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi ya dikuwatké merga ana sedulur-sedulur sing dilantik dadi pinituwa wilayah. Sedulur-sedulur kuwi akèh-akèhé wis padha nikah. Merga péngin fokus nglayani Yéhuwah, sedulur-sedulur kuwi réla ora nduwé anak sik, meskipun kuwi béda karo kepénginané keluarga lan kebiasaan ing kono.
BAHAGIA MERGA GELEM DIARAHKÉ YÉHUWAH
Aku wis 52 taun nglayani ing Afrika. Merga wis tuwa, aku karo Anne kerep lara-laranen. Panitia Cabang Malawi mènèhi saran bèn aku karo Anne balik ing Inggris. Terus, Pengurus Pusat setuju karo saran kuwi. Pancèn rasané sedhih merga kudu lunga saka Malawi. Tapi, sedulur-sedulur ing Bètel Inggris perduli banget lan ngrawat aku karo Anne.
Merga gelem diarahké Yéhuwah, aku isa bener-bener bahagia. Nèk aku mbiyèn mung ngutamakké gawéan, aku ora ngerti uripku bakal kaya apa saiki. Mbiyèn, aku seneng banget isa kerja ing perusahaan sing gedhé. Tapi, Yéhuwah ngerti carané nggawé aku ”berhasil”. (WB. 3:5, 6) Ing organisasiné Yéhuwah, aku isa nampa akèh tugas, lan kuwi nggawé aku seneng. Aku yakin nèk terus nglayani Yéhuwah lan gelem diarahké Yéhuwah, aku isa terus bahagia.