KANGGO WONG TUWA
7: Nduwé Sipat-Sipat sing Apik
MAKSUDÉ
Wong tuwa kudu berupaya nduwé sipat-sipat sing apik, terus ngajari anaké bèn ya nduwé sipat-sipat sing apik. Misalé, wong tuwa ngajari anaké bèn dadi wong sing jujur.
Kèt cilik, anak-anak kudu diajari bèn dadi wong sing rajin, perduli karo wong liya, lan ora pilih kasih.
AYAT: ”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener. Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.”—Wulang Bebasan 22:6.
NGAPA KOK PENTING
Saiki téknologi wis saya canggih. Ana ibu-ibu sing jenengé Karyn ngomong, ”Merga tèknologi wis maju, saiki gampang banget ngerti apa waé, termasuk sing salah. Bahkan anak-anak waé isa ndelok sing saru-saru ing HP-né.” Makané wong tuwa kudu ngajari anaké bèn ngerti apa sing bener.
AYAT: ”Wong sing wis déwasa . . . pikirané dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah.”—Ibrani 5:14.
Anak-anak kudu gelem mikirké wong liya. Misalé, diajari bèn ngomong ’tulung’ lan ’maturnuwun’. Anak-anak jaman saiki biasané mung sibuk karo HP-né dhéwé, makané ora nggatèkké wong liya.
AYAT: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”—Lukas 6:31.
KUDU PIYÉ
Ngandhani sing bener. Contoné, menurut penelitian, cah-cah enom ora bakal hubungan sèks sakdurungé nikah nèk wong tuwané wis ngandhani nèk kuwi salah.
SARAN: Coba bahasen berita sing paling anyar. Misalé nèk ana berita soal pembunuhan, takona pendapaté anaké njenengan, ”Kok ana ya wong sing jahaté kaya ngono. Menurutmu, ngono kuwi éntuk ora?”
”Anak-anak ora bakal ngerti endi sing bener lan endi sing salah nèk ora tau dikandhani.”—Brandon.
Diajari bèn dadi anak sing sopan. Kèt cilik, anak-anak isa diajari ngomong ’tulung’ lan ’maturnuwun’, lan diajari bèn perduli karo wong liya. Menurut buku Parenting Without Borders, ”Nèk wis diajari sopan santun, anak-anak bakal luwih mikirké wong liya, ora mung mikirké dhèwèké dhéwé.”
SARAN: Kongkonen anak-anak ngéwangi gawéan omah bèn isa luwih menghargai wong.
”Nèk kèt cilik anak-anak dikon ngéwangi gawéan omah, mengko pas gedhé mesthi ya wis terbiasa.”—Tara.