BAB 30
Yésus Kuwi Putrané Gusti Allah
-
GUSTI ALLAH KUWI BAPAKÉ YÉSUS
-
JANJI NÈK WONG MATI BAKAL URIP MANÈH
Sapérangan wong Yahudi nudhuh Yésus nglanggar aturan dina Sabat merga Yésus marèkké wong lara. Nanging Yésus njawab, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.”—Yohanes 5:17.
Sing ditindakké Yésus kuwi ora nglanggar hukumé Gusti Allah bab dina Sabat. Yésus nginjil lan marèkké wong lara merga niru tumindak apiké Gusti Allah. Dadi, Yésus terus nindakké apa sing apik saben dina. Jawabané Yésus mau malah nggawé wong-wong saya nesu lan ngupaya matèni Yésus. Apa sebabé?
Sakliyané nudhuh Yésus nglanggar aturan dina Sabat, wong-wong kuwi uga ora trima wektu Yésus kandha nèk dhèwèké Putrané Gusti Allah. Miturut wong-wong kuwi, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé kaya Gusti Allah lan kuwi tegesé ngrèmèhké Gusti Allah. Nanging, Yésus ora wedi lan mènèhi jawaban sing luwih cetha bab hubungané sing istiméwa karo Gusti Allah, ”Bapak nresnani Putra lan nduduhké marang Putra kabèh perkara sing Panjenengané dhéwé tindakké.”—Yohanes 5:20.
Bapak kuwi Sing Maringi Urip, lan kuwi diduduhké nganggo cara maringi kuwasa marang sapérangan wong jaman mbiyèn kanggo nguripké wong mati. Yésus kandha, ”Padha kaya Bapak nangèkké wong mati lan nguripké manèh wong-wong kuwi, Putra uga bakal nguripké manèh sapa waé sing dikarepké.” (Yohanes 5:21) Iki mènèhi kita pengarep-arep kanggo sukmbèn. Sakjané, saiki waé Putra lagi nguripké manèh wong ing bab rohani. Mula, Yésus kandha, ”Sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya marang Bapak sing ngutus aku bakal nampa urip saklawasé. Dhèwèké ora bakal diadili nanging dhèwèké wis luput saka pati lan nampa urip.”—Yohanes 5:24.
Nganti wektu kuwi, ora ana bukti sing nduduhké nèk Yésus wis tau nguripké wong mati. Nanging, Yésus ngandhani wong-wong sing nentang nèk Yésus bakal bener-bener nguripké wong mati. Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal ngrungokké swarané lan metu.”—Yohanes 5:28, 29.
Senajan nduwé tugas penting, Yésus nduduhké nèk kedudukané luwih rendhah ketimbang Gusti Allah. Yésus kandha, ”Aku ora isa nindakké apa-apa sakarepku dhéwé. . . . Aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging aku nindakké kersané Bapak sing ngutus aku.” (Yohanes 5:30) Iki sing sepisanan Yésus nerangké ing ngarepé wong akèh bab tugas pentingé. Nanging, wong-wong sing nentang Yésus sakjané wis ngerti. Yésus kandha, ”Kowé wis ngutus wong-wong marang Yohanes [Pembaptis], lan dhèwèké wis mènèhi kesaksian sing bener.”—Yohanes 5:33.
Kira-kira rong taun sakdurungé, Yohanes ngandhani para pemimpin agama Yahudi bab wong sing bakal teka sakwisé Yohanes, sing disebut ”Nabi” lan ”Kristus”. (Yohanes 1:20-25) Mula, Yésus ngélingké nèk mbiyèn wong-wong kuwi gelem ngrungokké Yohanes Pembaptis, sing saiki dipenjara, kanthi kandha, ”Mung kanggo sawetara mangsa, kowé kabèh péngin ngrasakké pepadhangé.” (Yohanes 5:35) Saiki, Yésus mènèhi kesaksian sing luwih penting ketimbang kesaksiané Yohanes Pembaptis.
’Gawéan sing lagi tak tindakké [klebu marèkké wong] mènèhi kesaksian nèk Bapak ngutus aku.’ Sakliyané kuwi, Yésus ya kandha, ”Bapak sing ngutus aku uga wis maringi kesaksian Yohanes 5:36, 37) Contoné, Gusti Allah maringi kesaksian bab Yésus wektu Yésus dibaptis.—Matius 3:17.
bab aku.” (Wong-wong sing nentang Yésus ora nduwé alesan kanggo nolak Yésus. Ayat-ayat sing digunakké wong-wong kuwi sakjané malah mènèhi kesaksian bab Yésus. Yésus nyimpulké, ”Nèk kowé percaya marang Musa, kowé uga bakal percaya marang aku, merga Musa nulis bab aku. Nanging nèk kowé ora percaya marang tulisané, apa mungkin kowé percaya marang omonganku?”—Yohanes 5:46, 47.