PITAKONAN 3
Piyé Aku Isa Omong-omongan karo Wong Tuwaku?
KOWÉ KUDU PIYÉ?
Bayangna cerita iki: Dina Rebo soré, Jèfri sing umuré 17 taun, wis ngrampungi gawéan omahé, lan saiki kepéngin santai. Dhèwèké nyetèl TV karo lèyèh-lèyèh ing kursi.
Pas kuwi, bapaké njedhul, ning wajahé mrengut.
”Jèf! Kok kowé malah nonton TV. Kuduné kowé ngéwangi adhimu nggarap PR. Kowé ki ora tau ngrungokké!”
”Mulai manèh,” Jèfri nggrundel.
Bapaké krungu terus kandha, ”Kowé mau ngomong apa, Lé?”
”Ora ngomong apa-apa, Pak.” Jawabané Jèfri karo mangkel.
Saiki bapaké bener-bener nesu. ”Caramu ngomong aja kaya ngono!” bapaké nggetak.
Nèk kowé dadi Jèfri, piyé caramu bèn ora padu?
PIKIREN DHISIK!
Omong-omongan karo wong tuwamu kuwi kaya nyetir mobil. Pas ana sing ngalangi dalan, kowé isa nggolèk dalan liya.
CONTONÉ:
Cah wédok sing jenengé Léa kandha, ”Aku angèl banget omong-omongan karo bapakku. Sok-sok aku wis omongan rada suwé karo bapak, ning bapak malah kandha, ’Kowé ngomong karo Bapak ta, Ndhuk?’”
LÉA NDUWÉ TELUNG PILIHAN.
-
Nggetak bapaké.
Léa mbengok, ”Iki penting lho, Pak. Rungokna sik!”
-
Ora gelem omongan manèh karo bapaké.
Léa ora gelem nyritakké manèh masalahé.
-
Ngentèni wektu sing cocog kanggo ngomongké manèh masalahé.
Léa isa omong-omongan manèh karo bapaké mengko, utawa nulis surat kanggo nyritakké masalahé.
Menurutmu endi sing kudu Léa pilih?
PIKIRNA: Bapaké Léa keslimur, kuwi sebabé dhèwèké ora ngerti nèk Léa lagi ngadhepi masalah. Dadi nèk Léa milih Pilihan A, Bapaké ora ngerti ngapa Léa mbengok-mbengok. Pilihan iki mungkin malah nggawé bapaké Léa tambah ora nggatèkké omongané Léa. Kuwi uga ora sopan lan ora ngajèni bapaké. (Éfesus 6:2) Sakjané, malah pilihan iki ora ana gunané kanggo kabèh.
Pilihan B mungkin pilihan sing paling gampang, ning iki dudu sing paling apik. Apa sebabé? Sebab bèn isa ngrampungi masalahé, Léa kudu omong-omongan karo bapaké. Bapaké isa mbantu nèk ngerti apa masalahé. Ora gelem omongan ora bakal ngrampungké masalah.
Nèk Pilihan C, nduduhké Léa tetep ora nyerah senajan ana sing ngalang-alangi. Dhèwèké nyoba ngomongké masalahé manèh ing wektu liya. Lan nèk Léa milih nulis surat kanggo bapaké, dhèwèké isa ngrasa lega.
Nulis surat mungkin uga isa mbantu dhèwèké nyusun apa persisé sing arep diomongké. Pas bapaké maca surat kuwi, dhèwèké bakal ngerti apa sing sakjané arep diomongké Léa, lan kuwi bakal mbantu bapaké isa ngerti perasaané Léa. Pilihan C iki ana gunané kanggo Léa lan bapaké. Embuh kuwi omongan langsung utawa liwat surat, pilihan iki cocog karo naséhaté Alkitab kanggo ”nggayuh marang apa kang ndadèkaké rukun”.
Léa nduwé pilihan apa manèh?
Coba pikirna pilihan liya. Pikirna uga apa hasilé pilihan kuwi.
MAKSUDÉ OMONGAN AJA KLÈRU
Élinga, apa sing mbok omongké durung mesthi padha karo apa sing ditampa wong tuwamu.
CONTONÉ:
Wong tuwamu takon ngapa kowé kok nesu. Kowé njawab, ”Aku emoh ngomongké kuwi.”
Ning, wong tuwamu nampané, ”Aku ora percaya karo bapak lan ibu. Aku mendhing crita karo kanca-kancaku, ketimbang karo bapak ibu.”
Bayangna nèk kowé ngadhepi masalah sing angèl lan wong tuwamu arep mbantu. Ning, kowé kandha, ”Ora usah kuwatir. Aku isa ngadhepi dhéwé.”
-
Wong tuwamu nampané piyé?
-
Luwih apik kowé ngomongé piyé?