A2
Sing Ana ing Alkitab Iki
New World Translation of the Christian Greek Scriptures (Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar) dirilis ing basa Inggris taun 1950. Terus, New World Translation of the Holy Scriptures (Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar) sing lengkap diterbitké taun 1961. Kèt taun kuwi, puluhan juta wong isa maca Alkitab ing luwih saka 210 basa, lan wong-wong kuwi isa éntuk manfaat saka terjemahan Alkitab sing bener lan pénak diwaca.
Ning, sakwisé puluhan taun, basa wis berubah. Mula, Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar sing ana saiki ngerti nèk terjemahané kudu diubah bèn terjemahané isa mlebu atiné wong-wong sing maca saiki. Kuwi sebabé, ing èdhisi révisi iki ana kata-kata sing diubah lan carané nyampèkké makna ya diubah. Tujuané yaiku:
-
Nggunakké kata-kata sing dipahami wong-wong jaman saiki. Terjemahan iki ora nggunakké kata-kata kuna sing ana ing Alkitab basa Jawa liyané, tapi nggunakké kata-kata sing umum digunakké saiki lan sing gampang dipahami. Ana akèh kata-kata ing Alkitab basa Jawa liyané sing ora dipahami wong-wong. Contoné, kata ”paramarta” wis ora dipahami akèh wong. Mula, ing terjemahan iki, kata kuwi diterjemahké dadi ”apikan”. (Galatia 5:22) Kata ”wanita tuna-susila” diterjemahké dadi ”pelacur”. (Purwaning Dumadi 38:15) Istilah ”juru-mupu-béya” diterjemahké dadi ”petugas pajeg”. (Matius 9:11) Istilah ”rahipun katempuhna dhateng kula” diterjemahké nganggo kata-kata sing luwih dipahami, yaiku ”aku sing bakal tanggung jawab”.—Yosua 2:19.
Ing basa Ibrani lan Yunani kuna, kata ”benih” isa berarti benih tanduran, keturunané manungsa, lan air mani. Ing basa Jawa, kata ”benih” ora ana hubungané karo manungsa. Mula, kata kuwi diterjemahké nganggo kata-kata liya sing sesuai karo makna sing dimaksud. (Purwaning Dumadi 1:11; 22:17; 48:4; Matius 22:24; Yohanes 8:37) Biasané, kata ”benih” diterjemahké dadi ”keturunan” nèk lagi ngomongké soal janji ing Èden, sing dicathet ing Purwaning Dumadi 3:15.
-
Istilah Alkitab diterjemahké nganggo kata-kata sing luwih jelas. Ing Alkitab basa Jawa liyané, kata Ibrani ”Syéol” lan kata Yunani ”Hadès” diterjemahké dadi ”jagadipun tiyang pejah” sing isa berarti panggonané wong mati sing terus urip sakwisé mati. Ning, asliné kata ”Syéol” lan ”Hadès” kuwi artiné kuburan. Mula, Alkitab iki nggunakké kata ”kuburan”.—Mazmur 139:8; Kisah 2:27.
Ing akèh terjemahan Alkitab, kata Ibrani nefes lan kata Yunani psykhe kerep diterjemahké dadi ”jiwa”. Ning sakjané, tergantung apa sing lagi dirembug, kata kuwi isa berarti (1) wong, (2) uripé manungsa, (3) kéwan, (4) kepénginan utawa nafsu makan, utawa kadhang-kadhang isa berarti (5) wong mati. Mula, ing terjemahan iki, kata kuwi diterjemahké sesuai karo makna sing dimaksud.—Purwaning Dumadi 1:20; 2:7; Kaimaman 19:28; Mazmur 3:2; Wulang Bebasan 16:26; Matius 6:25.
Alkitab basa Jawa liyané ngomong nèk Yésus disalib. Padahal, kata Yunani stauros sing digunakké ing Alkitab artiné cagak. Yésus dipatèni ing cagak lurus. Mula, terjemahan iki nggunakké kata ”cagak” kanggo nyampèkké makna sing bener saka kata Yunaniné.—Matius 27:31.
Kata ”ginjal” tetep diterjemahké dadi ”ginjal” nèk sing dimaksud kuwi ginjal tenanan. Tapi, nèk kata kuwi digunakké dadi gambaran, kaya sing ana ing Mazmur 7:9, Mazmur 26:2, lan Wahyu 2:23, kata kuwi diterjemahké dadi ”ati lan pikiran”, sesuai karo makna sing dimaksud, lan kata ”ginjal” didèlèhké ing cathetan ing ngisor.
Istilah liyané yaiku ”gajih” lan ”sungu”. Istilah-istilah kuwi diterjemahké sesuai karo makna sing dimaksud. (Pangandharing Torèt 32:14; Ayub 16:15) Ana istilah-istilah sing dijelaské ing ”Daftar Istilah Alkitab”.
-
Nggunakké susunan kalimat sing pénak diwaca. Terjemahan iki ora nggunakké susunan kalimat sing anèh lan rumit, tapi nggunakké susunan kalimat sing wajar, kaya nèk wong omong-omongan biasané. Contoné, deloken Purwaning Dumadi 3:9-13, Rut 1:8-13, lan Ibrani 12:1.
Penerjemah wis ndonga lan ati-ati banget wektu nggawé perubahan ing Alkitab iki, lan ngajèni gawéan sing wis ditindakké Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar sing awal.
-
Kata ganti kanggo wong lanang lan wong wédok. Kadhang-kadhang, nèk nggunakké kata ganti kanggo wong lanang utawa wong wédok sesuai basa asliné, artiné malah dadi ora jelas. Ing basa Ibrani lan Yunani, kata benda bentuk jamak biasané maskulin (lanang), tapi sing dimaksud ora mesthi wong lanang. Kuwi isa berarti lanang lan wédok. Contoné, istilah ”anak-anaké lanang Yakub” isa berarti 12 anaké lanang Yakub, tapi sakjané istilah kuwi ya isa berarti kabèh bangsa Israèl, embuh kuwi wong lanang utawa wong wédok. (Purwaning Dumadi 46:5; Pangentasan 35:29) Mula ing terjemahan iki, istilah kuwi kerep diterjemahké dadi ”wong Israèl” kanggo nduduhké nèk sing dimaksud kuwi kabèh wong Israèl.
Ana sing liyané manèh ing Alkitab iki:
Ing Alkitab iki, ana cathetan ing ngisor kaya ngéné:
-
”Utawa” Terjemahan liyané saka basa Ibrani, Aram, utawa Yunani, sing artiné mèh padha.—Purwaning Dumadi 1:2, cathetan ing ngisor kanggo kata ”kekuwatané”; Yosua 1:8, ”mikirké kuwi tenanan”.
-
”Utawa mungkin” Terjemahan liyané sing artiné ora padha, tapi mungkin isa diterjemahké kaya ngono.—Purwaning Dumadi 21:6, ”ngguyu bareng aku”; Yohanes 3:3, ”dilairké manèh”.
-
”Lit.” Terjemahan kata per kata utawa makna dhasar saka ungkapan ing basa Ibrani, Aram, utawa Yunani.—Purwaning Dumadi 25:30, ”bubur abang sing mbok masak kuwi”; Ayub 1:3, ”sapi 1.000”.
-
Arti lan keterangan Arti jeneng (Purwaning Dumadi 3:17, ”Adam”; Pangentasan 15:23, ”Marah”); keterangan soal ukuran (Purwaning Dumadi 6:15, ”hasta”); keterangan kata ganti (Purwaning Dumadi 49:25, ”Dhèwèké”); keterangan ing Lampiran lan Daftar Istilah.—Wilangan 16:35, ”Kuburan”; Matius 5:22, ”Géhéna.”
Isiné Alkitab”, ana keterangan soal ajaran dhasar Alkitab. Ing bagéan mburi, ana ”Daftar Buku-Buku ing Alkitab”, ”Indèks Kata-Kata ing Alkitab”, lan ”Daftar Istilah Alkitab”. Daftar Istilah mbantu wong-wong sing maca bèn ngerti artiné istilah tertentu sing nduwé makna khusus ing Alkitab. Lampiran A isiné ”Prinsip Penerjemahan Alkitab”, ” Sing Ana ing Terjemahan Alkitab Iki”, ”Carané Alkitab Isa Ana Nganti Saiki”, ”Jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Ibrani”, ”Jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen”, ”Keterangan: Nabi-Nabi lan Raja-Raja Yéhuda lan Israèl”, lan ”Peristiwa Penting Wektu Yésus ing Bumi”. Lampiran B isiné péta, daftar, lan keterangan liya sing bermanfaat kanggo wong-wong sing rajin sinau Alkitab.
Ing bagéan ngarep sing judhulé ”Ing awal saben buku Alkitab, ana bagéan intiné buku. Bagéan iki njelaské soal intiné saben bab ing buku kuwi, lan ana ayat-ayat sing ditulis. Dadi, sing maca isa ngerti buku kuwi lagi mbahas apa. Ing kolom sing ana ing tengah saben halaman, ana réferènsi silang sing nduduhké ayat-ayat Alkitab sing ana kaitané.