Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?

Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?

 Sing nggawé kuwatir

 Apa kowé tau ngrasa kaya ngéné?

 ”Aku kepikiran terus, ’Piyé nèk aku kecelakaan mobil? Piyé nèk pesawaté tiba?’ Aku terlalu kuwatir, nganti sing kaya ngono waé tak pikirké terus.”​—Charles.

 ”Merga terlalu kuwatir, aku dadi strès dhéwé, padahal ora ngapa-ngapa. Rasané kaya hamster sing mlayu ing roda, wis kesel tapi ora tekan ing endi-endi.”​—Anna.

 ”Wektu ana sing ngomong, ’Kowé ki pénak isih sekolah’, aku mbatin, ’Mbok pikir sekolah kuwi ora strès?’”​—Daniel.

 ”Aku strès banget. Apa-apa tak kuwatirké.”​—Laura.

 Faktané: Ing Alkitab ditulis, ”Keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya.” (2 Timotius 3:1) Dadi kabèh isa ngrasa kuwatir, termasuk cah enom.

 Apa kuwatir kuwi salah?

 Ora. Menurut Alkitab, kuwatir kuwi wajar.​—1 Korintus 7:​32-34; 2 Korintus 11:28.

 Terus, kuwatir isa nggawé kowé luwih semangat. Misalé, nèk minggu ngarep ana ujian. Merga kowé kuwatir, kowé isa luwih semangat sinau. Hasilé, isa éntuk nilai sing apik.

 Rasa kuwatir ya bermanfaat wektu awaké dhéwé nggawé kesalahan. Serena ngomong, ”Bar nggawé kesalahan, aku ngrasa ora tenang. Mulané, aku péngin memperbaiki keadaan.”​—Bandhingna Yakobus 5:14.

 Faktané: Rasa kuwatir ana manfaaté.

 Tapi, piyé nèk kuwatir terus?

Nèk kuwatir terus, kuwi kaya kejebak ing labirin. Mulané, kowé kudu njaluk tulung karo wong liya

 Conto: Richard sing umuré 19 taun ngomong, ”Merga mikirké sing èlèk-èlèk terus, aku dadi strès.”

 Menurut Alkitab, ”Pikiran sing tenang nggawé awak dadi séhat.” (Wulang Bebasan 14:30) Tapi nèk kuwatir, kuwi isa marahi mumet, lara weteng, lan jantungé berdebar-debar.

 Bèn rasa kuwatirmu isa bermanfaat, kowé kudu piyé?

 Sing isa mbok tindakké

  •   Dipikirké manèh apa perlu dikuwatirké. ”Kaya kapal sing isih ditalèni, mèh nganti kesel didayung ya ora bakal ing endi-endi. Mikirké tanggung jawab kuwi apik. Tapi nèk terlalu kuwatir, kuwi ora ana gunané. Kuwi mung marahi kesel thok.”​—Katherine.

     Ayat: ”Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?”​—Matius 6:27.

     Artiné: Nèk terlalu kuwatir, kuwi mung nambahi masalah thok.

  •   Aja terlalu kuwatir karo apa sing durung mesthi kelakon. ”Pikirna, apa sing mbok kuwatirké bakal kelakon sésuk, sasi ngarep, taun ngarep, utawa limang taun manèh?”​—Anthony.

     Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

     Artiné: Kuwatir karo sing durung mesthi kelakon kuwi percuma.

  •   Nrima kenyataan. ”Ora kabèh sing awaké dhéwé péngini kuwi isa kelakon. Makané kudu belajar nrima kenyataan.”​—Robert.

     Ayat: ”Sing banter ora mesthi menang balapan, . . . sing nduwé pengetahuan ora mesthi suksès, merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong kuwi.”​—Pengkhotbah 9:11.

     Artiné: Mémang ana keadaan sing ora isa diubah. Dadi, kudu belajar nrima kenyataané.

  •   Mikirké sing penting. ”Nèk kabèh-kabèh tak pikirké, aku isa dadi strès. Mulané, aku kudu ngerti sing luwih penting.”​—Alexis.

     Ayat: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

     Artiné: Nèk mikirké sing penting-penting waé, hasilé dadi ora strès.

  •   Crita karo wong liya. ”Mbiyèn wektu aku sekolah, aku sering banget strès. Tapi merga aku crita karo wong tuwaku, aku dadi luwih tenang.”​—Marilyn.

     Ayat: ”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”​—Wulang Bebasan 12:25.

     Artiné: Nèk gelem crita karo wong tuwa lan kanca, isa waé awaké dhéwé éntuk saran sing apik.

  •   Ndonga. ”Aku ndonga nganggo swara sing banter. Aku nyritakké kabèh rasa kuwatirku karo Yéhuwah. Aku lega merga ngrasa Yéhuwah ngrungokké dongaku.”​—Laura.

     Ayat: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

     Artiné: Ndonga ora mung bèn pikirané dadi tenang. Yéhuwah janji, ”Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.”​—Yésaya 41:10.